BAIT TERAKHIR RAMALAN JAYA BAYA

140.

polahe wong Jawa kaya gabah diinteri

endi sing bener endi sing sejati

para tapa padha ora wani

padha wedi ngajarake piwulang adi

salah-salah anemani pati

tingkah laku orang Jawa seperti gabah ditampi

mana yang benar mana yang asli

para pertapa semua tak berani

takut menyampaikan ajaran benar

salah-salah dapat menemui ajal

141.

banjir bandang ana ngendi-endi

gunung njeblug tan anjarwani, tan angimpeni

gehtinge kepathi-pati marang pandhita kang oleh pati geni

marga wedi kapiyak wadine sapa sira sing sayekti

banjir bandang dimana-mana

gunung meletus tidak dinyana-nyana, tidak ada isyarat dahulu

sangat benci terhadap pendeta yang bertapa, tanpa makan dan tidur

karena takut bakal terbongkar rahasianya siapa anda sebenarnya

142.

pancen wolak-waliking jaman

amenangi jaman edan

ora edan ora kumanan

sing waras padha nggagas

wong tani padha ditaleni

wong dora padha ura-ura

beja-bejane sing lali,

isih beja kang eling lan waspadha

sungguh zaman gonjang-ganjing

menyaksikan zaman gila

tidak ikut gila tidak dapat bagian

yang sehat pada olah pikir

para petani dibelenggu

para pembohong bersuka ria

beruntunglah bagi yang lupa,

masih beruntung yang ingat dan waspada

143.

ratu ora netepi janji

musna kuwasa lan prabawane

akeh omah ndhuwur kuda

wong padha mangan wong

kayu gligan lan wesi hiya padha doyan

dirasa enak kaya roti bolu

yen wengi padha ora bisa turu

raja tidak menepati janji

kehilangan kekuasaan dan kewibawaannya

banyak rumah di atas kuda

orang makan sesamanya

kayu gelondongan dan besi juga dimakan

katanya enak serasa kue bolu

malam hari semua tak bisa tidur

144.

sing edan padha bisa dandan

sing ambangkang padha bisa

nggalang omah gedong magrong-magrong

yang gila dapat berdandan

yang membangkang semua dapat

membangun rumah, gedung-gedung megah

145.

wong dagang barang sangsaya laris, bandhane ludes

akeh wong mati kaliren gisining panganan

akeh wong nyekel bendha ning uriping sengsara

orang berdagang barang makin laris tapi hartanya makin habis

banyak orang mati kelaparan di samping makanan

banyak orang berharta namun hidupnya sengsara

146.

wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil

sing ora abisa maling digethingi

sing pinter duraka dadi kanca

wong bener sangsaya thenger-thenger

wong salah sangsaya bungah

akeh bandha musna tan karuan larine

akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan sebabe

orang waras dan adil hidupnya memprihatinkan dan terkucil

yang tidak dapat mencuri dibenci

yang pintar curang jadi teman

orang jujur semakin tak berkutik

orang salah makin pongah

banyak harta musnah tak jelas larinya

banyak pangkat dan kedudukan lepas tanpa sebab

147.

bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret

sakilan bumi dipajeki

wong wadon nganggo panganggo lanang

iku pertandhane yen bakal nemoni

wolak-walike zaman

bumi semakin lama semakin sempit

sejengkal tanah kena pajak

wanita memakai pakaian laki-laki

itu pertanda bakal terjadinya

zaman gonjang-ganjing

148.

akeh wong janji ora ditepati

akeh wong nglanggar sumpahe dhewe

manungsa padha seneng ngalap,

tan anindakake hukuming Allah

barang jahat diangkat-angkat

barang suci dibenci

banyak orang berjanji diingkari

banyak orang melanggar sumpahnya sendiri

manusia senang menipu

tidak melaksanakan hukum Allah

barang jahat dipuja-puja

barang suci dibenci

149.

akeh wong ngutamakake royal

lali kamanungsane, lali kebecikane

lali sanak lali kadang

akeh bapa lali anak

akeh anak mundhung biyung

sedulur padha cidra

keluarga padha curiga

kanca dadi mungsuh

manungsa lali asale

banyak orang hamburkan uang

lupa kemanusiaan, lupa kebaikan

lupa sanak saudara

banyak ayah lupa anaknya

banyak anak mengusir ibunya

antar saudara saling berbohong

antar keluarga saling mencurigai

kawan menjadi musuh

manusia lupa akan asal-usulnya

150.

ukuman ratu ora adil

akeh pangkat jahat jahil

kelakuan padha ganjil

sing apik padha kepencil

akarya apik manungsa isin

luwih utama ngapusi

hukuman raja tidak adil

banyak yang berpangkat, jahat dan jahil

tingkah lakunya semua ganjil

yang baik terkucil

berbuat baik manusia malah malu

lebih mengutamakan menipu

151.

wanita nglamar pria

isih bayi padha mbayi

sing pria padha ngasorake drajate dhewe

wanita melamar pria

masih muda sudah beranak

kaum pria merendahkan derajatnya sendiri

Bait 152 sampai dengan 156 tidak ada (hilang dan rusak)

157.

wong golek pangan pindha gabah den interi

sing kebat kliwat, sing kasep kepleset

sing gedhe rame, gawe sing cilik keceklik

sing anggak ketenggak, sing wedi padha mati

nanging sing ngawur padha makmur

sing ngati-ati padha sambat kepati-pati

tingkah laku orang mencari makan seperti gabah ditampi

yang cepat mendapatkan, yang lambat terpeleset

yang besar beramai-ramai membuat yang kecil terjepit

yang angkuh menengadah, yang takut malah mati

namun yang ngawur malah makmur

yang berhati-hati mengeluh setengah mati

158.

cina alang-alang keplantrang dibandhem nggendring

melu Jawa sing padha eling

sing tan eling miling-miling

mlayu-mlayu kaya maling kena tuding

eling mulih padha manjing

akeh wong injir, akeh centhil

sing eman ora keduman

sing keduman ora eman

cina berlindung karena dilempari lari terbirit-birit

ikut orang Jawa yang sadar

yang tidak sadar was-was

berlari-lari bak pencuri yang kena tuduh

yang tetap tinggal dibenci

banyak orang malas, banyak yang genit

yang sayang tidak kebagian

yang dapat bagian tidak sayang

159.

selet-selete yen mbesuk ngancik tutuping tahun

sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu

bakal ana dewa ngejawantah

apengawak manungsa

apasurya padha bethara Kresna

awatak Baladewa

agegaman trisula wedha

jinejer wolak-waliking zaman

wong nyilih mbalekake,

wong utang mbayar

utang nyawa bayar nyawa

utang wirang nyaur wirang

selambat-lambatnya kelak menjelang tutup tahun

(sinungkalan dewa wolu, ngasta manggalaning ratu)

akan ada dewa tampil

berbadan manusia

berparas seperti Batara Kresna

berwatak seperti Baladewa

bersenjata trisula wedha

tanda datangnya perubahan zaman

orang pinjam mengembalikan,

orang berhutang membayar

hutang nyawa bayar nyawa

hutang malu dibayar malu

160.

sadurunge ana tetenger lintang kemukus lawa

ngalu-ngalu tumanja ana kidul wetan bener

lawase pitung bengi,

parak esuk bener ilange

bethara surya njumedhul

bebarengan sing wis mungkur prihatine manungsa kelantur-lantur

iku tandane putra Bethara Indra wus katon

tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa

sebelumnya ada pertanda bintang pari

panjang sekali tepat di arah Selatan menuju Timur

lamanya tujuh malam

hilangnya menjelang pagi sekali

bersama munculnya Batara Surya

bebarengan dengan hilangnya kesengsaraan manusia yang berlarut-larut

itulah tanda putra Batara Indra sudah nampak

datang di bumi untuk membantu orang Jawa

161.

dunungane ana sikil redi Lawu sisih wetan

wetane bengawan banyu

andhedukuh pindha Raden Gatotkaca

arupa pagupon dara tundha tiga

kaya manungsa angleledha

asalnya dari kaki Gunung Lawu sebelah Timur

sebelah timurnya bengawan

berumah seperti Raden Gatotkaca

berupa rumah merpati susun tiga

seperti manusia yang menggoda

162.

akeh wong dicakot lemut mati

akeh wong dicakot semut sirna

akeh swara aneh tanpa rupa

bala prewangan makhluk halus padha baris, pada rebut benere garis

tan kasat mata, tan arupa

sing madhegani putrane Bethara Indra

agegaman trisula wedha

momongane padha dadi nayaka perang

perange tanpa bala

sakti mandraguna tanpa aji-aji

banyak orang digigit nyamuk,

mati banyak orang digigit semut, mati

banyak suara aneh tanpa rupa

pasukan makhluk halus sama-sama berbaris, berebut garis yang benar

tak kelihatan, tak berbentuk

yang memimpin adalah putra Batara Indra,

bersenjatakan trisula wedha

para asuhannya menjadi perwira perang

jika berperang tanpa pasukan

sakti mandraguna tanpa azimat

163.

apeparap pangeraning prang

tan pokro anggoning nyandhang

ning iya bisa nyembadani ruwet rentenging wong sakpirang-pirang

sing padha nyembah reca ndhaplang,

cina eling seh seh kalih pinaringan sabda hiya gidrang-gidrang

bergelar pangeran perang

kelihatan berpakaian kurang pantas

namun dapat mengatasi keruwetan orang banyak

yang menyembah arca terlentang

cina ingat suhu-suhunya dan memperoleh perintah, lalu melompat ketakutan

164.

putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu

hiya yayi bethara mukti, hiya krisna, hiya herumukti

mumpuni sakabehing laku

nugel tanah Jawa kaping pindho

ngerahake jin setan

kumara prewangan, para lelembut ke bawah perintah saeko proyo

kinen ambantu manungso Jawa padha asesanti trisula weda

landhepe triniji suci

bener, jejeg, jujur

kadherekake Sabdopalon lan Noyogenggong

putra kesayangan almarhum yang bermukim di Gunung Lawu

yaitu Kyai Batara Mukti, ya Krisna, ya Herumukti

menguasai seluruh ajaran (ngelmu)

memotong tanah Jawa kedua kali

mengerahkan jin dan setan

seluruh makhluk halus berada dibawah perintahnya bersatu padu

membantu manusia Jawa berpedoman pada trisula weda

tajamnya tritunggal nan suci

benar, lurus, jujur

didampingi Sabdopalon dan Noyogenggong

165.

pendhak Sura nguntapa kumara

kang wus katon nembus dosane

kadhepake ngarsaning sang kuasa

isih timur kaceluk wong tuwa

paringane Gatotkaca sayuta

tiap bulan Sura sambutlah kumara

yang sudah tampak menebus dosa

dihadapan sang Maha Kuasa

masih muda sudah dipanggil orang tua

warisannya Gatotkaca sejuta

166.

idune idu geni

sabdane malati

sing mbregendhul mesti mati

ora tuwo, enom padha dene bayi

wong ora ndayani nyuwun apa bae mesthi sembada

garis sabda ora gentalan dina,

beja-bejane sing yakin lan tuhu setya sabdanira

tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa

nanging inung pilih-pilih sapa

ludahnya ludah api

sabdanya sakti (terbukti)

yang membantah pasti mati

orang tua, muda maupun bayi

orang yang tidak berdaya minta apa saja pasti terpenuhi

garis sabdanya tidak akan lama

beruntunglah bagi yang yakin dan percaya serta menaati sabdanya

tidak mau dihormati orang se tanah Jawa

tetapi hanya memilih beberapa saja

167.

waskita pindha dewa

bisa nyumurupi lahire mbahira, buyutira, canggahira

pindha lahir bareng sadina

ora bisa diapusi marga bisa maca ati

wasis, wegig, waskita,

ngerti sakdurunge winarah

bisa pirsa mbah-mbahira

angawuningani jantraning zaman Jawa

ngerti garise siji-sijining umat

Tan kewran sasuruping zaman

pandai meramal seperti dewa

dapat mengetahui lahirnya kakek, buyut dan canggah anda

seolah-olah lahir di waktu yang sama

tidak bisa ditipu karena dapat membaca isi hati

bijak, cermat dan sakti

mengerti sebelum sesuatu terjadi

mengetahui leluhur anda

memahami putaran roda zaman Jawa

mengerti garis hidup setiap umat

tidak khawatir tertelan zaman

168.

mula den upadinen sinatriya iku

wus tan abapa, tan bibi, lola

awus aputus weda Jawa

mung angandelake trisula

landheping trisula pucuk

gegawe pati utawa utang nyawa

sing tengah sirik gawe kapitunaning liyan

sing pinggir-pinggir tolak colong njupuk winanda

oleh sebab itu carilah satria itu

yatim piatu, tak bersanak saudara

sudah lulus weda Jawa

hanya berpedoman trisula

ujung trisulanya sangat tajam

membawa maut atau utang nyawa

yang tengah pantang berbuat merugikan orang lain

yang di kiri dan kanan menolak pencurian dan kejahatan

169.

sirik den wenehi

ati malati bisa kesiku

senenge anggodha anjejaluk cara nistha

ngertiyo yen iku coba

aja kaino

ana beja-bejane sing den pundhuti

ateges jantrane kaemong sira sebrayat

pantang bila diberi

hati mati dapat terkena kutukan

senang menggoda dan minta secara nista

ketahuilah bahwa itu hanya ujian

jangan dihina

ada keuntungan bagi yang dimintai

artinya dilindungi anda sekeluarga

170.

ing ngarsa Begawan

dudu pandhita sinebut pandhita

dudu dewa sinebut dewa

kaya dene manungsa

dudu seje daya kajawaake kanti jlentreh

gawang-gawang terang ndrandhang

di hadapan Begawan

bukan pendeta disebut pendeta

bukan dewa disebut dewa

namun manusia biasa

bukan kekuatan lain diterangkan jelas

bayang-bayang menjadi terang benderang

171.

aja gumun, aja ngungun

hiya iku putrane Bethara Indra

kang pambayun tur isih kuwasa nundhung setan

tumurune tirta brajamusti pisah kaya ngundhuh

hiya siji iki kang bisa paring pituduh

marang jarwane jangka kalaningsun

tan kena den apusi

marga bisa manjing jroning ati

ana manungso kaiden ketemu

uga ana jalma sing durung mangsane

aja sirik aja gela

iku dudu wektunira

nganggo simbol ratu tanpa makutha

mula sing menangi enggala den leluri

aja kongsi zaman kendhata madhepa den marikelu

beja-bejane anak putu

jangan heran, jangan bingung

itulah putranya Batara Indra

yang sulung dan masih kuasa mengusir setan

turunnya air brajamusti pecah memercik

hanya satu ini yang dapat memberi petunjuk

tentang arti dan makna ramalan saya

tidak bisa ditipu

karena dapat masuk ke dalam hati

ada manusia yang bisa bertemu

tapi ada manusia yang belum saatnya

jangan iri dan kecewa

itu bukan waktu anda

memakai lambang ratu tanpa mahkota

sebab itu yang menjumpai segeralah menghormati,

jangan sampai terputus, menghadaplah dengan patuh

keberuntungan ada di anak cucu

172.

iki dalan kanggo sing eling lan waspada

ing zaman kalabendu Jawa

aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa

cures ludhes saka braja jelma kumara

aja-aja kleru pandhita samusana

larinen pandhita asenjata trisula wedha

iku hiya pinaringaning dewa

inilah jalan bagi yang ingat dan waspada

pada zaman kalabendu Jawa

jangan melarang dalam menghormati orang berupa dewa

yang menghalangi akan sirna seluruh keluarga

jangan keliru mencari dewa

carilah dewa bersenjata trisula wedha

itulah pemberian dewa

173.

nglurug tanpa bala

yen menang tan ngasorake liyan

para kawula padha suka-suka

marga adiling pangeran wus teka

ratune nyembah kawula

angagem trisula wedha

para pandhita hiya padha muja

hiya iku momongane kaki Sabdopalon

sing wis adu wirang nanging kondhang

genaha kacetha kanthi njingglang

nora ana wong ngresula kurang

hiya iku tandane kalabendu wis minger

centi wektu jejering kalamukti

andayani indering jagad raya

padha asung bhekti

menyerang tanpa pasukan

bila menang tak menghina yang lain

rakyat bersuka ria

karena keadilan Yang Kuasa telah tiba

raja menyembah rakyat

bersenjatakan trisula wedha

para pendeta juga pada memuja

itulah asuhannya Sabdopalon

yang sudah menanggung malu tetapi termasyhur

segalanya tampak terang benderang

tak ada yang mengeluh kekurangan

itulah tanda zaman kalabendu telah usai

berganti zaman penuh kemuliaan

memperkokoh tatanan jagad raya

semuanya menaruh rasa hormat yang tinggi.